Saturday, July 2, 2011

CRASH!

Biyen tau ndelok CRASH ga? Lek durung, nonton'o...

Iku CRASH.. film'e Paul Haggis sing kiro-kiro maksude ate ngirim pesen
Each different life is in some way personally affected, changed, damaged, or victimized by something which then connect through coincidence, feeding one into another, crashing into each other’s lives... Tapi intine film iki abot tur apik, dikongkon memahami banyak hal sing terkoneksi ndek ndunyo iki.

Aku dhewe moro-moro eling goro-goro uripku dino iki...





Sak umur-umur urip sing lek tak pikir-pikir lumayan akeh entek nang ndalan, alhamdulillah aku jarang pwol sampek tibo-tibo ngono. Lek tak eling-eling sih mek ping telu....

Pertama iku pas aku kelas siji SMP...

Lagi penak-penak mulih sepedaan moro-moro mak-grobyakkk ditabrak becak tekok mburi. Anjrit tenan, tapi mergo krasaku ra enek sing luka, yo wes ra perlu urusan suwe. Lah nyampe omah iku tas sadar lek'e tangan kiriku bengkok lumayan. Akhire yo dikon pijet ndek kenalane tonggoku. Sek ping pindo paling, trus tak pikir-pikir tukang pijete rodok mencurigakan tur ganok nduduhi sertifikat. Yowes, akhire dipijet dhewe ambek ibukku,
alhamdulillah waras masio ga mbalik 100 persen.

Kecelakaan sing nomer loro iku ora loro blas, tapi justru ngisin-isini....

Iku critane pas kuliah aku goncengan ate survey nang kelurahan ambek koncoku, sing sepurane ae ancen rodo pengalaman soal tibo-tiboan. Dadi mulai pertama digonceng wis moco dungo ping sewidhak jaran aku jes. Tapi yo dasar nasib, sampek ndek dalan ngarepe kampus STAIN Malang sing rame wong nyebrang, koncoku ucul kontrol.

Koyoke awal-awale koncoku iku kesengsem ambek mahasiswa jilbaban sing ndek pinggir ndalan. Ancen ayu areke, aku yo ndelok, kiro-kiro koyok wedok sing gelem-geleme moco tulisan iki lah... hehe.... Nah, untunge koncoku sik sempet banting stir kiri pas ngindari angkot ambek wong nyebrang iku. Motore mlintir, koncoku tibo, aku mencolot nang urugan pasir sing dinggo mbangun ruko pinggir ndalan iku. Akhire yo ditulungi karo mbak-mas mahasiswa kono, karo enek sing mesam-mesem nulungine.

Lorone ga blas, Isine nemen bro...!! Ga iso kenalan pisan... Tapi tetep,
Alhamdulillaah...

Sing nomer telu iki sing paling nemen...

Critane Ate budal PKL ndek suroboyo bareng koncoku loro. Biasane iku kene mesti numpak patas, tapi mbuh dino iku koyoke lagi kere kabeh akhire numpak Bis ekonomi jenenge Tentrem sing tekok budal gak nggarai Tentrem blas... Jyann, LIAAAR....!! pokoke supire. Yo, koyoke pancen ngene iki terus transportasi massal kelas murah ndek indonesia lek e modele kejar setoran ambek kakehan persaingan operator. Opo ojok-ojok iki salahe sing nggawe istilah TIME IS MONEY?

lak luwih enak lek
TIME IS OPPORTUNITY hare...?!

Oh yo, tak terusno critane, sak tekane iku bis ndek daerah Kebun Raya Purwodadi, Pasuruan ndilalah kok yo enek wong lanang wedok goncengan banter trus kepleset ndek tengah ndalan. Supir bisku - jare koncoku jenenge Joni, aku ga sempet croscek - mbanting kanan, metu jalur, melbu jalure bis teko arah Surabaya. Yo wes, akhire iku enek Bis Medali Mas, patas jeh, disruduk sampe nyempung sawah. Bis ku dewe malang ndek tengah dalan.

Mari tabrakan aku kroso raiku akeh kocone, tapi mbuh sing kepikiran pertama aku wedi bis'e mbledhug koyok ndek film-film india-ne ibukku. Akhire yo jenggirat mlayu balapan mudun. Ga mikir luka tah opo, pokok sadar sik urip ae..

Koncoku loro akhir-akhiree iku bengeb, tapi pas iku ga sadar, ganok luka luar dadi yo akeh nulungi aku sing sirahe bocor sampek entek koran telung lembar tambah tisu sak bungkus wek'e Asongan apikan sing nulungi ngelapi getihku.

Yo iku tabrakan sing paling medeni tak alami sak umur-umur. Ngono iku yo sik onok untunge. Tekok budal feeling elek nggarai kene wong telu pindah lungguhan tekok ngarep dhewe dadi lungguhan nomer telu. Ga mbayangno lek e kene dadi sing kejepit ndek deretan kursi pertama ambek kedua. Dadi tetep...
Alhamdulillaahh...

Yo wes iku seh catatan tabrakan ndek uripku. Enek sing podo diantara ketiga kejadian iku, aku ga tau ndek posisi setir....

Mbuh yo, mergo aku lek pas dadi supir ga tau tabrakan ngono, nggarai aku ancen sering ga percoyoan lek e digonceng opo disupiri sembarang konco kecuali sing wis jelas gaya setirane podo ambek aku. Jare wong bule,
Seeing is Believing...

Mangkane pas iki mau awan aku nyetir nggonceng konco ate ndek Waduk Selorejo trus keprusut goro-goro oli ndek tengah dalan sekitar Pujon, rodo shock sediluk ngono. Mlayu mek 40 km/jam, sepeda gress teko servisan, ambek fisik fit, tapi lek jenengane apes yo akhire tibo pisan.

"..Sepandai-pandai Panda berguling, akhire nggeblak pisan..."

Sing tak pikir pertama mau koncoku.
Alhamdulillah waras. Trus ndelok tas kameraku, wadooohh kejepit sepeda tapi mari tak bukak ga popo yo wes, ora sido stress iki... hehe... Trus sepeda motorku yo mek lecet-lecet ringan. Alhamdulillah maning...!!!

Kesimpulane 'kenang-kenangane' mek hape ku mbeset kabeh ambek dengkulku mlocot siji.. iki tak duduhi fotone....






"..hapeku mbese kabehh..."


"..dengkulku sing mlocot.."

Mbalike iki sore mau alhamdulillah wes iso normal nyetirku. Ora tegang neh malah semangat ate nulis ndek blog... pamer kok tabrakan yo...?? hehe... Masio ngono yo pancet mikir seh. Everything jare happen for a reason. And i think i know what the reason was, selain yo sebab langsunge oli pick-up asemm iku mau...

Dadi akhire, Sabtu, 2 Juli 2011 bakal tak eling-eling, iki pertama kali'e dan mugo-mugo terakhir kaline aku ngalami tabrakan...

Di-Amiiinn-in bukan sodara-sodara..???

Suwun yo wis moco dhuuoowwooo, ora niat pamer mutlak..

Tapi yo mugo" dadi peng-eling"-e awakku ben luwih ati-ati ndek ndalan....

Lek sing moco melu terinspirasi yo alhamdulillah....

Trus lek enek sing urun komen opo jempol yo wis sewajarnya...

Ate Melu mijeti opo maneh, langsung di-call ae iku nomerku lek enek ndek hapene sampeyan...

Wes yoo... aku tak nerusno mikir iki piye carane sikil ga iso ditekuk tapi kudu Ngising ndek jeding model ndodhok....


*****



NB:
Oh iyo, siji maneh alhamdulillah'o sing akeh rek, mumpung sya'ban pisan...
urip iku masio kadang soro, akeh sing sering lali disyukuri..


*****

*maaf pake bahasa jawa mostly, translate ke bahasa indonesia tersedia di penulis...

2 comments:

  1. aq yo crash bolak-balik tp sing nyetir apese dudu' aq..
    lha pas New Year Eve 2011 iku pertama kaline crash pas sing nyetir aq..
    Kecelakaan pertama begitu menggoda, selanjutnya jangan DIULANGI lagi.. wkwwkkwwk..

    Ade

    ReplyDelete
  2. wkk... ora minat ngulangi blas... pedih ndoro...

    ReplyDelete